Quote

Ojo ngece karo wong ora nduwe
Rojo brono yen mati ora digowo
Bebasan urip mung mampir ngombe
Ngono kuwi jare tini sepuh kae
Yen numpak sepur asepe metu nduwur
Tiwas ajur mumur yen awak ora diatur
Yen numpak motor asepe metu ngisor
Urip neng alam ndonyo kudu sugih andap asor
Nek numpak becak asepe metu kolak
Ojo ngguyu ngakak yen urip lagi kepenak
Nek numpak andhong asepe metu mbokong
Ojo plenggang-plenggong mengko mundak koyo grandong
Dadi wong ojo rumongso biso
Nanging wong seng biso rumongso
Wong seng becik simpeno kebecikane
Ngono kuwi jarene simbahku dewe